-->
Home » , » Geguritan Iki Mung Pengin Kandha

Geguritan Iki Mung Pengin Kandha

Posted by Admin
Kumpulan Puisi Wiji Thukul Terlengkap, Updated at: 17.01

Geguritan Iki Mung Pengin Kandha


geguritan iki mung pengin kandha
ing njaba ana wong sambat ngaluara
sajake bubar dipulasara
swarane ora cetha
gremeng-gremeng ing petengan
cangkeme pecah
awak sekojur abang biru
apa kowe ora krungu?
coba lirihna omonganmu
mbok menawa kowe ngerti
apa karepe

geguritan iki mung aweh kabar
ing njaba bathang bosok pirangpirang
apa irungmu ora mambu

thok! thok! thok!
sing teka aku kana
lawangmu ngakna

solo, 8.6.87.

Share This Post :

1 comments:

  1. tembung-tembung nakal dalam banget maknanya ijin share
    kunjung balik ya mas http://geguritan.com/

    BalasHapus

Countup
Wiji Thukul, yang bernama asli Widji Widodo (lahir di Surakarta, Jawa Tengah, 26 Agustus 1963) adalah penyair cum aktivis berkebangsaan Indonesia. Thukul merupakan salah satu tokoh yang giat melawan penindasan rezim Orde Baru. Pasca Peristiwa 27 Juli 1996, sekitar bulan-bulan menjelang kejatuhan Soeharto pada tahun 1998 hingga sekarang tidak diketahui rimbanya. Dia dinyatakan hilang dengan dugaan diculik oleh militer Orde Baru

Cari Blog Ini

Hanya Satu Kata: Lawan!

Nyanyian Akar Rumput-Kumpulan Lengkap Puisi Wiji Thukul

Populer Bulan Ini

 
Template by Maskolis and CB Design